Kamis, 26 Februari 2015

Contoh pidato bahasa jawa tentang pengolahan sampah

Asalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan ibu kepala sekolah SMPN 20 Malang
Ingkang kinurmatan ibu, bapak, lan staf SMPN 20 Malang
Lan rencang-rencang ingkang kula tresnani
Alhamdulillah, puji syukur dhumateng gusti allah ingkang sampun paringi kesehatan dhumateng kita sedaya, Saengga kita saged kempal wonten ing Aula SMPN 20 Malang menika.
Dinten menika kula badhe ngaturaken bab pengolahan sampah wonten ing lingkungan sekolah, pengolahan sampah wonten ing lingkungan sekolah punika penting sanget. Amargi saumpami mboten dinten olah sampah bakal kaceceran lan sekolah saged dados rusuh.
Saumpami kita mboten saged ngolah sampah wonten ing sekolah, Sampah bakal numpuk lan saged nyebab’aken ambet ing kang mboten echo lansaged mencemari lingkungan.
Sampah saged nyebab’aken banjir, Saumpami banjir omah-omah bakal kaleleb lan saged nyebab’aken pancemaran. Pancemaran saged nyebab’aken penyakit.
Monggo sareng-sareng nyipta ake urip resik semeniko urip resik nguntung ake kito sedoyo. Urip sehat lan resik niku salah sijine iman kito. Sedoyo muslim. Cekap kulo maturaken ngapunten sing katah.

Wassalamualaikum wr.wb 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar